Lemper


Nama Kelompok         :
1.      M. Restu Bayu D
2.      Muttaqina Imamah
3.      Puspa Purwita D
4.      Putri Adiningsih
5.      Rizqina Putri A
Kelas                           : X IPS 4 SMA NEGERI 1 KAJEN

Jajan Tradisional, Lemper


Lemper yaiku jenise kue utawa jajan pasar khas Indonesia. Lemper kuwi jajanan kang digawe saka beras ketan lan biasane isine lemper iku abon utawa cingcangan daging ayam. Jajanan iki biasane dibungkus nganggo godhong gedhang. Lemper nduweni bentuk madha rupani lontong nanging ukurane sing luwih cilik daripada lontong. Rasane lemper iku enak, kenyal gurih lan bisa ngganjal weteng kanggo sementara wayah amarga bisa maregi.
Jaman biyen lemper kui panganan khusus kanggo keluarga ningkrat utawa raja ing kalangan Jawa, biyen isisne lemper asale saka daging kelapa enom kang kasebut gebingan. Amarga jaman biyen regane daging larang, mula isine lemper digawe saka kelapa enom kang dimasak kaya serundeng (sejenis karo abon saka kelapa).
Jaman saiki, lemper wes akeh variasine, ana sing digawe ngganggo krep (crepe) lan bahane yaiku tepung, bumbu, lan ndhog terus digoreng iku jenenge semar mendhem. Ana juga sing sing digawe saka sega alih-alih ketan sing diarani arem-arem.
Kanggo masyarakat Jawa, lemper duweni nilai filosofi yaiku simbole persaudaraan lan ing acara hajatan. Simbole persaudaran, muncul saka sifate ketan kang lengket nggambarake persaudaraan antar manungsa siji karo manungsa liyane kang saling nguntungake. Ing acara hajatan lemper nujukake kepenginan kanggo tekane rejeni. Wong kang duweni hajatan kepengin yen rejekine kuwi nempel terus nganti acarane rampung.



          
Cara nggawe lemper
Bahan
~  ½ kg beras ketan
~  ¼ kg kelapa parut
~  300 ml banyu
~  1 sdt uyah
~  Godhong gedhang
~  750 gram abon sapi
~  Godhong pandan
Cara nggawene
~  Beras ketan dikumbah
~  Beras ketan direndem kira-kira 30 menit
~  Parut kelapa, parutan kelapa mau diwenehi banyu, diperes (sing dijukut mung santene, ampase kelapa mau dibuang), lan diwenehi uyah
~  Santene dipanasi bareng karo godhong pandan, lan diwenehi uyah
~  Siapake dandang kanggo ngukus, dienteni kanti banyune umub
~  Beras ketan sing mau direndem ditirisna, lan kukus kira-kira 10 menit
~  Nek wes, tambahna santen mau lan aduk-aduk kira-kira 15 menit
~  Kukus campuran mau kira-kira 35 menit utawa kanti metu aromane
~  Angkat ketan lan dinengna sedelat
~  Bentuk ketan lonjong lan ditambahi abon gawe isine
~  Ketang sing wes dibentuk mau dibungkus ngganggo godhong gedhang lan kukus maneh kira-kira 1 jam supaya lemper bisa awet
~  Angkat lemper, dinengna sedelat supaya adem
~  Lemper siap disajiake
MakNyus!

Komentar